Contact Person 5373710c
Klik Fb

Thursday, November 7, 2013

WOLAK-WALIK ING ZAMAN


WOLAK-WALIK ING ZAMAN

Seng penting di anggep ora penting, Seng ora penting di penting-pentingno
Seng apik di elek-elek, Seng elek di anggep apik
Seng bener di salahno ,seng salah di bener-bener no
Seng jane tontonan di anggep tuntunan, Seng mestine tuntunan malah dadi tontonan

Ora ono manungso seng sempurno
Ora ono manungso seng ora nduwe duso
Mulo podho enggal-enggal tobatto
Mumpung durung di timbali marang seng KUWOSO

Zamane zaman edan,akeh menungso podho lali karo pengeran
Ngaku agamane islam tapi gak gelem sembahyang
Hobine maksiat sak ndalan-dalan
Nyambut gawe podho sungkan,bandane tanggane malah di gae rayaan

Zamane-zaman maju ,akeh wong wadhon podho kemayu
Lek bengi podho metu ngguya-guyu,mung trimo mamerne pupu
Turut ngisor waru jebulle mung payu sewu

Zamane-zaman globalisasi,akeh uwong wes lali karo dzat kang moho suci
Akeh santri seng podho gak gelem ngaji,ugo akeh kyai seng lali karo santri
Malah melu-melu rebutan kursi

Manungso kui di titah podho, nanging lek masalah bondo di jatah bedo
Mulo manungso iku wajibpe mung usaha karo dungo
Intuk rezeki sepiro atine seng nrimo, gak usah meri karo konco
 (sak podho-podho)

Akeh wong setres mergo urip pe gak beres
Rino wengi mung mburu nduyo, njur lali karo agomo

Ojo podho ngersulo ndak gelis tuo
Wong yen nrimo urip pe dowo
Wong seng sabar rejekine jembar
Wong yen ngalah urip pe bakal barokah
Sopo seng jujur urip pe makmur
Wong suloyo urip pe rekoso
Wong seng sombong amale kobong
Sopo seng tlaten tembhe mburi bakal panen

Akeh wong ngaku islam agamane tapi tumindak e sak karepe dewe
Zamane wes zaman tuo akeh manungso wes angel di toto maring tuntunane agomo
Senengane malah podho gae duso
Tumindak duso sak bendino podho ra kroso

Sitik-sitik ra ketoro sui-sui dadi cetho
Koyo wong tumindak duso di lakoni sak bendino
Duso lantaran umungan,lantaran kuping lan tangan
Kadang-kadang ora kroso mergo pancen wes kulino

Seng ati-ati kelawan waspodho
menowo siro ngobrol karo konco
Ngrasani tonggo ngojah alane liyo
Kadang ra rumongso awak e gae duso

Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal podho tobat
timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab
Mung duso sepele kang ora di rasak ke
Nanging gedhe akibate marang awak e dewe


Mumpung isih urip ngibadaho kanti tertip
ngelingono yen wes mati ora bakal iso bali

Mumpung isih waras ibadaho kanti iklas
Ngelingono yen wes loro ora biso opo-opo

Mumpung isih longgar ibadaho kandi sabar
Ngelingono yen wes repot ibadah rasane abot

Mumpung isih sugih bondo dadio wong seng lumo
Ngelingono yen wes mlarat rino wengi mung sambat

Lek wes sugih ko ora kelingan bondo iku mung titipan
Mbok yo eling karo sanak kadang yen wes sugih ojo mung nyawang
Tulungono wong seng kekurangan sandang ugo kurang pangan

Sugih bondo mung sak wetoro mbesok yen mati ora bakal di gowo
wong seng lumo iklas amale,ngunu iku bakal akeh ganjarane
Sugihe ojo mung kangge dewe seng mlarat mbok di gatek ke



Dulur-Dulur Muslimin Muslimat Ayo Pada golek Sangu Akhirat
Sak Durunge Ketekan Sekarat Ana Ing Kubur Bakal DitarapBakal Ditakoni Karo Malaikat Amal Kito Ora Ana Sing Kliwat
Ayo Pada Ngelakoni Sholat Rina Wengi Mumping Sik Sempat
Zaman Sak Iki Wis Jedek Kiamat Akeh Wong Seneng Ngekoni Maksiyat
Ninggalno Sholat Lan Emoh Mbayar Zakat Wis Kadung Kroso Nikmat Lali Akhirat

Dulur-Dulur Ayo Pada Sregep Ngaji
Sak Durunge Ketekan Pati
Tinimbang Getun Ono Ing Dino Mburi
Urip ono Ndunya Ora Bisa Dibaleni

Konco-Konco Sing Sik Seneng mendem-menNdeman
Dulur-Dulurku Sing Seneng Togelan
Ayo Podo Dicegah Gak Terus-Terusan
Sebab Mendem Koya Wong Edan, Seneng Togelan Ngrusak Masa Depan
Seneng Tombokan Gak Iso Dadi Jutawan
Sing Akeh Mari Oleh Tambah Jorjoran
Wong Main Ngono Direwangi Syetan, Dijak Seneng Gae Konco Langganan

Konco Nom-Noman Sing Sregep Nyelengi,
Yen Wis Akeh Duete Digawe Rabi
Calon Bojone Yo Iso Nyenengi, Morotuwane Yo Melok mbungahi
Sregep Tangi Ing Tengah Wengi

Dulur-Dulur Ayo Pada Sadar,
Sak Durunge Ketekan Modar
Tinimbang Getun Gak Kenek Dibayar
Urip Ndik Ndunya Iku Mung Sak Gebyar

sekian dulu, tunggu updatenya... :)

0 comments:

Post a Comment